Saridin utawa Syèh
Jangkung ya iku tokoh Islam kang
ana ing Kabupatèn Pathi[1] nalika ing jaman Wali Sanga. Jeneng Saridin pancèn ora kondhang
ing donya, nanging ing laladan lor pesisir pulau Jawa (laladan Pathi, Kudus, Demak, Rembang) Saridin wis dadi legénda.[2] Saridin iku wong kang sekti,
nanging luguné ora ketulungan.[2] Mula saking luguné,
nganti-nganti dhèwèké ora sadar karo kasektèné.[2]
Ilustrasi Syaridin (Syeh Jangkung) |
Isi
[dhelikaké]
Saridin salah sawijining pawongan kang
lugu lan prasaja, mapané ing désa Landhoh,
laladan Pathi.[1] Miturun carita sing wis ana
Saridin iku putra salah sawijining Wali Sanga, ya iku Sunan Muria lan garwane Dewi Samaran.[1] Ing carita babad nyebutaké
yèn to jabang bayi Saridin iku ora putrané Sunan Muria karo garwané Dewi
Samaran.[1] Nalika isih enom, Saridin
seneng ngulandara (basa Indonésia: mengembara)
nganti ing titi wanciné ketemu karo Syèh Malaya utawa Sunan Kalijaga, lan diakui minangka guru
sejati.[1] Nganti wayahé mulih ing Miyono,
Saridin dicaritake wis rabi karo wong wadon kang disebut-sebut mbokne momok,
lan merga rabi iku mau Saridin duwé anak kang dijenengi Momok.[3] Nganti ing sawijining dina,
Saridin dan Branjung dulur
ipéné andum waris wit durèn siji-sijiné kang
di duwèni nanging uwohé akèh.[3] Andum waris ngasilaké
pasarujukan antarané Saridin lan Brajung, Saridin éntuk jatah durén kang tiba
wayah bengi lan Branjung éntuk jatah durén kang tiba ing wayah awan.[3] Nanging iku mau amung
akal-akalané Branjung.[3] nganti tekan ing wayah bengi,
Saridin jaga ning jatah warisané.[3]Ora sawetara suwé anggoné jaga, ana
sawijining kéwan metu kang awujud macan nyedhaki
Saridin, ora liya macan iku mau amung panyamarané Branjung kanggo
medhén-medhéni Saridin waé.[3] Ora wedi Saridin banjur nyedaki
macan iku mau karo nggawa cucukan lan langsung waé dipatèni macané.[3] Banjur sawisé macan iku mati
langsung malih wujud dadi Branjung.[3] Matiné Branjung ndadikaké
masalah kanggo Saridin karo hukum tatanan ing Pathi.[3] Wektu iku Adipatiné Wasis
Jaya Kusumo kang kudu negakaké hukum lan ngukum Saridin.[3] Amerga kesalahané, Saridin kena
hukuman pidana ing Pathi.[3]
Sawisé metu saka hukuman ing Pathi, banjur
Saridin nyantri ana ing Kudus ing
pondhoké Sunan Kudus.[2] Ing Kudus, Saridin gawé
ontran-ontran nganti gawé jèngkèlé Sunan Kudus lan para santri kang wis
rumangsa pinter amarga Saridin luwih pinter tinimbang santri-santri kang wis
suwé mondhok ing Kudus.[2] Nganti ing titiwancine ana
èyèl-èyèlan antarané Saridin lan Sunan Kudus babagan banyu lan iwak.[2] Kanggo ngetès kapinterané
Saridin, Sunan Kudus takon marang Saridin. Kanti ènthèng Saridin njawab Sunan
Kudus.
Sunan Kudus: "Apa saben
banyu iku mesti ana iwaké, Din?"
Saridin: "Wonten, bapa guru
Sunan Kudus"[2]
Krungu jawaban saka Saridin banjur Sunan
Kudus ngutus salah sawijining santri kanggo jupuk klapa ing
wit kanggo mbuktèkake jawabané Saridin.[2] Ananging jebul sing di omongké
Saridin bener, ing jero klapa ana iwaké.[2]
Ora mung iku, ing liya dina para santri
kejatah ngangsu kanggo ngisi klenthing kanggo wudhu.[2] Amarga ora énak ati banjur
Saridin melu ngéwangi, nanging ora kebagian èmbèr trus karep ati nyilih èmbèr
karo santri liya nanging malah dikongkon nganggo kranjang,
banjur Saridin ngangsu nganggo kranjang lan bisa ngebaki sekabihaning klenthing
kang ana ing pondhok.[4] Amarga Saridin dianggep seneng
pamèr kaluwihan, Saridin dikongkon lunga saka pesantrèné Sunan Kudus lan ora
éntuk balik menèh ana ing Kudus.[4]
Amarga ukuman iku mau, sadurunge Saridin
lunga banjur pamèr kasektèn menèh ana ing Kudus, ora tanggung-tanggung olèhé
pamèr, ing wayah wengi Saridin mlebu ana ing jero kakus khusus kanggo wong
wadon, wayah esuk salah sawijine santri wadon ana sing arep mbuang hajat banjur
Saridin njarag nyundhul kelaminé wong wadon mau.[4] Amarga kaget banjur wong wadon
iku njerit lan gawé gègèr sakabihaning santri kang ana ing pondok, banjur Saridin
dilapoké marang Sunan Kudus.[4] Saridin mlayu, Saridin dadi
buron manèh, banjur ing playuné Saridin ketemu karo Syèh Mlaya.[4] Syèh Malaya ngutus marang
Saridin supaya tapa ana ing segara kanggo nebus kesalahané.[4]
Ing amarga Saridin kasil numpes
agul-agul para siluman ing alas roban, Saridin olèh bebungah saka Sultan Agung ing Kasultanan Mataram
ngrabi mbakyuné Sultan Agung Retno Jinoli.[5] Ananging Retno Jinoli iku mau bahu
lawean, utawa saben wong lanang sing dadi bojoné bakal mati sawisé nglakoni
hubungan bebojoan.[5] Sawise rabi karo Retno Jinoli,
Saridin mulih ing Miyono banjur gawé pondok lan ora sawetara suwé pondoké
Saridin wis kondhang.[5] Ing miyono, Saridin karo anak
lanangé lan para santri-santriné kerja dadi wong tani, kanggo ngènthèngake
gawéane ning sawah, momok njaluk ditukokna kebo.[5] Amarga saben dina kebo iku mau
dijak mregawé, kebo iku mau ujug-ujug nggléthak ana ing sawah, kabèh wong
ngirané kebo iku mau wis mati, nanging sawise dicekel Saridin kebo iku mau
tangi menèh lan tambah seger.[5] Amarga kebo mau tukuné ana ing
désa landhoh, banjur kebo iku mau dijenengi kebo landhoh.[5] Ing amarga kebo landhoh iku
naté mati lan urip manèh, ing mitosé para warga ing Pathi lan sak kiwa-tengené
Pathi percaya manawa lulang kebo landhoh bisa dinggo piandhel.[5]
Sédané Saridin ora amarga dipathéni
utawa kena penyakit kang parah, ananging amarga wis wayahé séda.[2] Nalika Saridin séda, kebo
landhoh iku mau disembelih lan daginge di dum-dumaké para tangga teparoné
Saridin.[5] Amarga iku dum-duman daging
kebo ing acara lelayu saiki dadi pakulinan ing wewengkon Pathi bageyan kidul,
ing antarané wewengkon désa Kayen, Sukolilo, Gabus, lan Winong.[5]